Jumat, 29 November 2013

PEMUTAR RODA ACARA DENGAN BAHASA JAWA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
PONDOK KENCONG KEPUNG


المقدمة
Dumateng ngarsanipun poro Alim ‘Ulama, poro Sepuh lan Pinisepuh, khususipun al-Mukarrom Romo KH. ......................................  ingkang sinudarsono.

Poro Punggowoning Projo, Sipil, TNI soho POLRI ingkang satuhu kinabekten.

Poro Tamu Undangan soho Hadlirin – hadlirot ingkang dahat kinurmatan.

Nyuwun agunging pangaksomo, kulo ngadek lan mapan wonten ngarsanipun panjenengan, sakperlu sumelo atur, nggempil kamardikan Panjenengan, ingkang sawek sekeco wawan pangendikan kaliyan poro sanak kadang, poro mitro lan poro tonggo.

Mboten ateges ngirangi toto trapsilo, kulo ngadek wanten papan puniko, ananging ngengeti kawontenen ingkang mekaten.

Kulo wonten puniko wekdal tinanggenah nderekaken lumampahipun toto tumataning adicoro wonten dalu puniko.

Sakderengipun adicoro kawiwitan, langkung rumiyin kulo aturaken menggah rantaman adicoro ingkang bade kito leksanaaken sesarengan.

Adicoro wonten dalu puniko kito bikak kanti wausan ummul kitab

Wausan ayat-ayat suci al-Qur’an kito leksanaaken wonten urutan adicoro ingkang ongko kaping kaleh.

Adicoro ingkang ongko kaping tigo, inggih atur pambagyo harjo saking Panitia.

Menggah rantaman adicoro atur sambutan-sambutan nglenggahi wonten urutan adicoro kaping sekawan.

Sabto tomo / mawa’idh husna kito papanaken wonten urutan kaping gangsal

Lan adicoro wonten dalu puniko kapungkasan lan paripurno kanti kawaosaken dongo panyuwunan dateng Gusti Ingkang Moho Murah.

Mekaten menggah rantaman racikan adicro wonten dalu puniko, kasuwun dateng poro rawuh kakung sumawono putri waget nderekaken sedoyo adicoro kolo wau ngantos paripurno.




Ngengeti wekdal sampun dalu, pramilo monggo adicoro kita wiwiti kanti nyuwun kawelasaning Gusti lumantar wausan ummul kitab, mugiyo adicoro puniko kinakdiraken lumampah kanti runtut lan sampurno ngantos paripurno, amin.

على هذه النية ولكل نية صالحة . الفاتحة  .................
Dungkap adicoro ingkang kaping kaleh, inggih wausan ayat-ayat suci al-Qur’an, ingkang bade kaastho deneng al-Karim Bapak ....................................... dumateng Bpk ...................... kito sumanggaaken rawuh lan lenggah wonten sasono sabto, kito dereaken sumonggo !.

Adicoro ingkang kaping tigo, inggih atur pambagyo harjo saking panitia, dene sambetan Panitia puniko bade dipun slirani deneng Bapak ....................... dumateng Panjenenganipun kito sumanngaaken.

Adicoro ingkang kaping sekawan, inggih adicoro ingkang katenggo-tenggo deneng kulo lan Panjenengan sedoyo, inggih dawuh-dawuh utomo / pepiling sae / wejangan mulyo. Ingkang bade kaparingaken deneng Romo KH. ...................................................... dumateng Romo KH ........ kito dereaken rawuh lan lenggah dateng sasono sabto, sak perlu paring pangandikan dateng poro rawuh sedoyo, kito dereaken, sumonggo !.

Menggah rantaman lan racikan adicoro wonden dalu puniko sampun kito lampahi sesarengan, pramilo monggo adicoro wonten dalu puniko kito pungkasi kanti ngaturaken dongo panyuwunan dateng Alloh Ta’ala, inggih Gusti ingkang tansah ngijabahi panyuwunanipun poro kawulo.

Ananging sak derengipun dongo kalaksanaaken, kulo ingkang tinanggenah ndereaken adicoro wonten dalu puniko, ngaturaken sedoyo sasar sarunipun pamatur, kirangipun toto trapsilo nyuwun agunging pangaksomo dateng poro sepuh lan poro Rawuh sedoyo.

Dene dongo panyuwunan kito aturaken dateng Simbah KH. ................................................                             Kersoho dangan mimpin adicoro ingkang pungkasan puniko, dateng panjeneganipun kito sumanggaaken.

Atur pungkasan lan panutupan saking kulo ....................


والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Share this article

0 Tinggalkan jejak:

Posting Komentar

 
Copyright © 2017 RAUDLATUL ULUM KENCONG • All Rights Reserved.
back to top