Rabu, 04 Desember 2013

KHUTBAH DINTEN RIYADEN KANTI BOSO JAWI


السلام عليكم ورحة الله وبركاته
بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله مدورالاوقات والايام واوجب علينا بالصلاة والصيام. وامرنابالاتحاد وصلة الارحام,والصلاة والسلام علي سيدنا محمد شافع الانام وعلي اله واصحا به الكرام اما بعد:

Hadrotul mukoromin poro ulamaul amilin,poro bapak kyai ingkang kulo mulya aken,poro bapak ibu ,hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
            Sepindah sareng-sareng mogo kito panjataken puji syukur dating Alloh SWT ingkang sampun paring pinten2 kenikmatan dating kito sedoyo ingkang salah setunggalipun inggih puniko kito tasih dipun paringi saged menangi  wulan syawal malih,dene punopo wonten wulan ingkang sakderengipun inggih puniko wulan romadlan kito sampun dipun gembleng kanti nindakake siyam/poso sakwulan nutuk lan kalih nindakaken ibadah2lintunipun kados salat tarweh,ngaos,maos Al qur`an lan lintu2nipuningkang akhiripun kito tutup kanti zakat fitrah.mugo2 amal ibadah kito sedoyo wonten wulan romadlan dipun terampi Allah SWT ingkang akhiripun saged berkahi dating kito sedoyo lan saged ngewohaken amal2 soleh wonten wulan wulan sak lajengipun amin
            Keranten tujuan saking puoso niku mboten supados kito luwe lan ngelak wonten ing siang hari,anaing hikmah ingkang paling penting anggenipun nindakake puoso inggih puniko supados kito selamet saking kerusakan moril lan materiil terhundar salking saking sedoyo kejahatan lan kemungkaran,kejobo niku kanti nindakaken puoso kito saged ngraosaken betapa sedih lan lan gelisahipun faqir miskin ingkang saben dintenipun ngalami kekirangan daharan lan inuman serto kelemahan tenogo,ingkang akhiripun kanti nandakaken poso kitop sedoyo saged ngraosaken iba lan welas asih kalih poro fakir miskin ingkang akhiripun saged ndorong kito senantiasa nulung fakir miskin
            Poro hadirin  ingkang minulyo  seumpamanipun kito sedoyo  mboten ngertos poso lan nindakake poso    kito niko niki namung dipun perbudak kalih kemauan /syahwatipun weteng lan howo nafsu ingkang jerumusaken kito sedoyo wonten jurang kehidupan inking nista lan gesang kanti boros borosan.
Dados kito sedoyo niki mboten angsal gesang dados abdul butun /selalu nuruti kekarepanipun madaran ingkang menawi kito turuti terus kekarepanipun madaran kito akhiripun sedoyo gesang kito telas namung kangge mangan lan nginum ke mawon tanpa dipun ukur kalih kemampuan kito piyambek piyambek lan nglewati wates,padahal gustiAllah SWT sampun ndawuhaken wonten Al Qur`an suroh AL A`ROF ayat 31.
كُلُوا وَاشْرَبُوا وَلا تُسْرِفُوا إِنَّهُ لا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ (٣١)
Ingkang artosipun  :makan dan minumlah dan jangan kamu sekalian melewati batas karena sesungguhnya Allah SWT tidak menyukai orang orang yang melewati batas.(Q.S.Al A`ROF)
            Poro hadirin ingkang minulyo
Seniki kito sampun mlebet inh wulan syawal,setungaling wulan ingkang perlu dipun raya aken dening sedoyo umat islam,keranten ing wulan menikolah wulan kangge ngedalaken sedoyo kegembiraan ingkang penuh harapan kangge nuju gesang ingkang langkung maju,langkung sae tenimbang wekdal wekdal ingkang sampun keliwat .monggo wonten ingkang kesempatan puniko/wulan syawal kito ginaaken kangge silaturohim mempererat tali persaudaraan antar keluarga ,famili,konco konco lan sedulur kito ingkang tunggal agomo lan sa perjuangan.
            Mboten namung mungkin tapi jelas menawi kito sedoyo niku wonten ing wekdal wekdal ingakang sampun kelewat,wonten ing wulan wulan ingkang kapengker  nate nglakoni kesalahan kesalahan utowo kehilafan,nate nlampaih perkawis perkawis ingkang nglaraaken datenng manahipun tiang sanes,nggadaih iru hati,drengki,dendam,bendu lan lintu lintunipun.milo saking meniko poro hadirin saat meniko mongo kito icalaken sedoyo kesalahan,kehilapan kanti halal bihalal,kanti ngapuro ngapuroan lan kanti jabat tangan kanti pengajeng pengajeng mugi mugi duso kito sedoyo dipun ngapuro dening Allah SWT
            Monggo kito isi kesempatan bulan syawal puniko kanti halal bihalal saling memaafkan lahir dan batin.monggo kito datenngi sedoyo sanakfamili kanti niat bersilaturahmi supados gesang lan umur kito tansah dipun berkaih dening dening Allah SWT.cocok kalih nopo ingkang dipun dawuhaken kanjeng nabi Muhammad SAW wonten hadisipun:
من أحب ان يبسط له في رزقه وينشأ له في اثره   فليصل رحمه (رواه مسلم)
            Ingkang artosipun : Sinten tiangipun ingkang kepengin dipun jembaraken rizqinipun lan dipun dawaaken (di berkahi ) umuripun mongko becik/supados bersilaturahim (menyambung tali kekeluargaan)
Poro hadirin ingkang minulyo
            Kulo kinten minikolah ingkang saged kulo aturaken wonten ing acara halal bihalal meniko mbok bilih enten katah salah lepat atur lan tembung kulo nyuwun agunging pangapunten lan saking kawulo pribadi ngucapaken
من العائدين والفائزين تقبل الله منا ومنكم اجمعين
            Selamat hari raya,selamat berbulan syawal ,semanten

وبالله التوفيق والهدايه
 والسلام عليكم و رحمةالله وبركاته
Share this article

0 Tinggalkan jejak:

Posting Komentar

 
Copyright © 2017 RAUDLATUL ULUM KENCONG • All Rights Reserved.
back to top